Sony Xperia E4g - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Uripake kamera.

2

Tutul salah sijine lambang setelan ing layar.

3

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

4

Pilih setelan sing arep disetel, banjur genti saksenenge.

Ringkesan setelan kamera video

Resolusi video

Ngepasake resolusi video kanggo maneka format.

Full HD

1920×1088(16:9)

Format Full HD (Full High Definition) kanthi rasio aspek 16:9.

HD

1280×720(16:9)

83

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Format HD (High Definition) nganggo rasio aspek 16:9.

VGA

640×480(4:3)

Format VGA nganggo aspek rasio 4:3.

MMS

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya file video bisa pas karo pesen multimedia.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret

Manual.

Atur wektu potret

Nganggo atur wektu, sampeyan bisa ngrekam video tanpa nyekeli piranti. Gunakake

kanggo ngrekam video kelompok supaya kabeh wong bisa direkam ing video.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer poto supaya kamera ora goyang nalika ngrekam

video.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Mati

Video wiwit direkam sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Smile Shutter™(video)

Gunakake fungsi Smile Shutter™ kanggo nemtokake eseman apa sing dideteksi kamera

sadurunge ngrekam video.

Mode Fokus

Setelan fokus ngontrol bagean video endi sing kontrase kudu cetha. Nalika fokus

otomatis terus urip, kamera tansah nyetel fokus supaya wilayah ing pigura fokus putih

tetep kontras.

Autofokus singgel

Kamera kanthi otomatis fokus ing obyek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Deteksi praupan

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar. Kamera

kanthi otomatis fokus ing subyek sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan kanggo njupuk

fokus kanthi nunyuk pasuryan kasebut ing layar. Nalika nutul layar kamera, pigura kuning nuduhake pasuryan

endi sing dipilih dadi fokus. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh jinis pemandangan. Fokus

otomatis terus-terusan urip.

Nglacak obyek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

Pangukuran

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya

kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Pusat

Nyetel cahya menyang tengah gambar.

Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar jumlah cahya sing nyunari kabeh gambar.

Spot

Nyetel cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

84

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Stabiliser video

Nalika ngrekam video, bisa angel nyekeli piranti kanthi anteng. Stabiliser mbantu

sampeyan kanthi ngimbangi obahe tangan sampeyan.

Mikropon

Pilih manawa arep ngrekam swara lingkungan nalika ngrekam video.

Pratinjau

Sampeyan bisa milih ndeleng pratinjau video sanalika bubar direkam.

Aktif

Pratinjau video ngaton sanalika direkam.

Owahi

Video langsung mbukak kanggo pangowahan sanalika direkam.

Mati

Video disimpen sanalika direkam, lan pratinjau ora ngaton.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo ngrekam video nalika kondisi cahya surem utawa ana

cahya saka mburi. Lambang lampu kilat video mung kasedhiya ing layar kamera

video. Elinga yen kadang, kualitas video bisa luwih apik tanpa lampu, sanajan kondisi

cahya surem.

Aktif

Mati

Pamilihan gambar

Fitur pamilihan gambar mbantu sampeyan supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo

kaanan umum nggunakake gambar video sing wis diprogram dhisik. Kamera nemtokake

maneka setelan sing bisa dipasake nurut gambar sing dipilih dadi video sing direkam

bisa asil apik.

Mati

Fitur pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa ngrekam video sacara manual.

Potret alus

Gunakake kanggo ngrekam video sing latar mburine alus.

Bawana

Gunakake kanggo video lanskap. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

Wengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing kaanan sing kurang cahya. Video sing

obyeke obah cepet bisa dadi burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake panyangga.

Pateni mode peteng yen kaanan cahya apik supaya kualitas video luwih apik.

Pantai

Gunakake kanggo video ing gambar pinggir segara utawa tlaga.

Salju

Gunakake ing kaanan sing padhang supaya video ora kepadhangen.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem amarga

obah.

Pesta

Gunakake kanggo video ing njero ruangan sing kaanane surem. Gambar iki njupuk cahya latar mburi

njero ruangan utawa cahya lilin. Video sing obyeke obah cepet bisa dadi burem. Jaga supaya tangan

anteng, utawa gunakake panyangga.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret

Manual.

85

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.