Sony Xperia E4g - Mengiloni layar piranti sacara nirkabel ing TV

background image

Mengiloni layar piranti sacara nirkabel ing TV

Sampeyan bisa nggunakake fitur Pangilonan layar kanggo nuduhake layar piranti

sampeyan ing TV utawa layar sing amba tanpa nganggo sambungan kabel. Teknologi

Wi-Fi Direct™ nggawe sambungan nirkabel antarane rong piranti supaya sampeyan bisa

nglaras nyengsemi foto-foto kasenengan sampeyan sinambi teturon kepenak. Sampeyan

uga bisa nggunakake fitur iki kanggo ngrungokake musik saka piranti liwat speaker TV.

TV sampeyan kudu ndhukung pangilonan layar adhedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast™

supaya fungsi sing digambarake ing ndhuwur bisa laku. Yen TV sampeyan ora ndhukung

pangilonan layar, menawa kudu tuku adaptor layar nirkabel dhewe.

Nalika nggunakake pangilonan layar, kualitas gambar kadhangkala bisa kena pengaruh negatif

yen ana gangguan saka jaringan Wi-Fi® liyane.

Mengiloni layar piranti ing layar TV

1

TV: Turuti petunjuk ing Pandhuan pangguna TV kanggo nguripake fungsi

pangilonan layar.

2

Piranti: Saka Layar ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Konektivitas Xperia™ > Pangilonan layar.

4

Tutul

Wiwiti.

5

Tutul

OK banjur pilih salah siji piranti.

Nalika nganggo pangilonan layar, aja nutupi area antena Wi-Fi ing piranti.

TV sampeyan kudu ndhukung pangilonan layar adhedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast™

supaya fungsi sing dipratelakake ing ndhuwur mau bisa laku.

Mandhegake pangilonan layar antar piranti

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Konektivitas Xperia™ > Pangilonan layar.

3

Tutul

Pedhot, banjur tutul OK.