Sony Xperia E4g - Keyboard layar

background image

Keyboard layar

Sampeyan bisa ngetik teks nganggo keyboard QWERTY ing layar kanthi nutul saben

aksara, utawa nganggo fitur tulis Gangsar lan nggeser driji nulis aksara siji-siji kanggo

nulis tembung. Yen sampeyan milih nggunakake versi keyboard layar luwih cilik lan

ngetik teks mung nganggo siji tangan, sampeyan bisa ngaktifake keyboard siji tangan.
Sampeyan bisa milih nganti telung basa kanggo ngetik teks. Keyboard ndeteksi basa

sing dienggo lan ngramal tembung kanggo basa kasebut nalika sampeyan ngetik.

Sawetara aplikasi mbukak keyboard layar kanthi otomatis, misale, aplikasi email lan

olahpesen teks.

1 Mbusak karakter sadurunge kursor.

2 Tombol enter utawa ngonfirmasi input teks.

3 Ngetik spasi.

4 Nggawe pribadhi keyboard. Tombol iki ora katon sawise keyboard digawe pribadhi.

5 Nampilake nomer lan simbol. Kanggo simbol luwih akeh, tutul

.

6 Ngalih antarane huruf cilik , huruf gedhe , lan kapital . Kanggo sawetara basa, tombol iki

digunakake kanggo ngakses karakter ekstra ing basa kasebut.

Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks

Tunyuk kolom entri teks.

Nggunakake keyboard layar ing orientasi malang

Nalika keyboard layar ditampilake, puter piranti kanthi dimiringake.

Sampeyan perlu ngatur setelan ing sawetara aplikasi supaya bisa nggunakake orientasi

malang.

Ngetik teks karakter kanthi karakter siji-siji

1

Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tutul karakter kasebut.

2

Kanggo ngetik varian karakter, tutul terus karakter keyboard reguler kanggo entuk

dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane, kanggo

ngetik "é", tutul terus "e" nganti pilihan katon, banjur, kanthi tetep menet driji ing

keyboard, seret lan pilih "é".

Ngetik titik

Sawise ngetik tembung, tutul bar spasi ping pindho.

41

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngetik teks nganggo fungsi tulis Gangsar

1

Nalika tombol layar ditampilake, geser driji saka aksara menyang aksara kanggo

nglacak tembung sing arep ditulis.

2

Yen wis rampung ngetik sak tembung, angkat driji. Saran tembung katon

adhedhasar aksara sing dilacak.

3

Yen tembung sing dipengini ora katon, tutul kanggo ndeleng pilihan liyane

banjur pilih wae. Yen pilihan sing dipengini ora katon, busak kabeh tembung

banjur lacak maneh, utawa tik tembung kanthi nutul saben aksara siji-siji.

Kanggo nggenti setelan Tulis gangsar

1

Nalika keyboard layar ditampilake, tutul .

2

Tutul , banjur tutul

Setelan papan tombol.

3

Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi tulis Gangsar, centhang utawa busak

centhang

Tulis gangsar ing kothak.

Nggunakake keyboard siji tangan

1

Bukak keyboard layar ing mode mujur, banjur tutul .

2

Tutul , banjur tutul

Papan tombol setangan.

3

Kanggo mindhahake keyboard siji tangan menyang sisih kiwa utawa tengen layar,

tutul utawa .

Kanggo bali nggunakake keyboard layar wutuh, tutul .