Sony Xperia E4g - Ngundhuh aplikasi saka Google Play™

background image

Ngundhuh aplikasi saka Google Play™

Google Play™ iku toko online resmi Google kanggo ngundhuh aplikasi, game, musik,

film, lan buku. Iki kalebu aplikasi sing gratis lan sing mbayar. Sadurunge miwiti ngundhuh

saka Google Play™, pesthekake sampeyan nduweni sambungan internet, utamane liwat
Wi-Fi

®

supaya matesi biaya lalu lintas data.

Kanggo nggunakake Google Play™, sampeyan perlu nduwe akun Google™. Google Play™

bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah.

Ngundhuh aplikasi saka Google Play™

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Play Store.

3

Temokake item sing pengin diundhuh kanthi nelusuri kategori, utawa kanthi

nggunakake fungsi telusuran.

4

Tunyuk item kanggo ndeleng rincian, banjur tututi pandhuan kanggo

ngrampungake panginstalan.

Sawetara aplikasi bisa uga perlu ngakses data, setelan, lan macem-macem fungsi ing piranti

supaya bisa digunakake kanthi bener. Mung instal lan idini aplikasi sing dipercaya.

Sampeyan bisa ndeleng idin sing diwenehna menyang aplikasi sing diundhuh kanthi nutul

aplikasi ing

Setelan > Aplikasi.