Sony Xperia E4g - Layar aplikasi

background image

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka layar Ngarep, ngamot aplikasi sing wis diinstal ing

piranti lan aplikasi sing diundhuh.

Ndeleng kabeh aplikasi ing layar Aplikasi

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Gulung cepet ngiwa utawa nengen ing layar Aplikasi.

Mbukak aplikasi saka layar Aplikasi

Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo nggolek aplikasi, banjur tutul aplikasi

kasebut.

Mbukak menu layar Aplikasi

Nalika layar Aplikasi mbukak, seret pinggir kiwa layar menyang tengen.

Mindhah aplikasi ing layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Pesthekake yen

Urutake dhewe wis dipilih ing ngisore TUDUHAKE APLIKASI.

3

Tutul terus aplikasi nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret menyang

lokasi anyar.

Nambahake trabasan aplikasi menyang layar Ngarep

1

Saka layar Aplikasi, demek terus lambang aplikasi nganti layar kedher, banjur seret

lambang kasebut menyang bagean ndhuwur layar. Layar Ngarep mbukak.

2

Seret lambang menyang lokasi sing dipengini ing layar Ngarep, banjur angkat driji.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Pilih pilihan sing dipengini ing

TUDUHAKE APLIKASI.

Nggoleki aplikasi saka layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Tutul

Tlusuri aplikasi.

3

Ketik jeneng aplikasi sing pengin digoleki.

16

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mbusak instal aplikasi saka layar Aplikasi

1

Kanggo mbukak menu layar Aplikasi, seret pinggir kiwa layar Aplikasi menyang

tengen.

2

Tutul

Busak instal. Kabeh aplikasi sing ora bisa dibusak instale ditunduhake karo

.

3

Tutul aplikasi sing pengin dibusak instal, banjur tutul

Busak instal.