Sony Xperia E4g - Nonton video ing aplikasi Film

background image

Nonton video ing aplikasi Film

Gunakake aplikasi Film kanggo muter film lan konten video liyane sing wis disimpen

utawa diundhuh ing piranti. Aplikasi Film uga ngewangi sampeyan ngolehi poster film,

ringkesan plot, info genre lan rincian sutradara kanggo saben film. Sampeyan uga bisa

muter film ing piranti liyane sing disambung karo jaringan sing padha.

Sawetara file video bisa uga ora bisa diputer ing aplikasi Film.

1

Deleng opsi menu.

2

Tampilake video sing bubar diputer

3

Seret pinggiran kiwa layar menyang tengen kanggo njlajah kabeh video sing wis diundhuh lan disimpen

4

Tutul utawa puter file video sing wis disimpen utawa diundhuh

5

Gulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng isi

Muter video ing Film

1

Saka Layar ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul

Film.

2

Golek banjur tutul video sing arep diputer. Yen video ora ditampilake ing layar,

seret pinggir kiwa layar menyang tengen kanggo mbukak menu layar ngarep Film,

banjur golek lan tutul video sing pengin diputer.

3

Kanggo nampilake utawa ndhelikake kontrol, tutul layar.

4

Kanggo ngaso, tutul . Kanggo nerusake muter, tutul .

5

Kanggo nggulung mundhur cepet, seret pananda garis progres ngiwa. Kanggo

nggulung maju cepet, seret pananda garis proges nengen.

Muter video ing piranti eksternal

1

Nalika video diputer, tunyuk layar kanggo nuduhake kabeh kontrol.

2

Tutul >

Throw.

3

Pilih piranti eksternal kanggo muter video. Yen ora ana piranti eksternal sing

kasadhiya, tututi instruksi ing layar kanggo nambahake piranti.

Nggenti setelan ing Film

1

Saka Layar ngarep, tutul , banjur golek lan tutul

Film.

2

Tutul >

Setelan, banjur genti setelan kaya sing dikarepake.

92

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggenti setelan swara nalika video lagi muter

1

Nalika video diputer, tutul layar kanggo nuduhake kontrol.

2

Tutul , banjur tutul

Setelan swara.

3

Tandhani kothak centhang kanggo setelan swara sing pengin diuripake.

4

Yen wis rampung, tutul

OK.

Enggo bareng video

1

Nalika video sing disimpen ing Film utawa acara TV lagi muter, tutul , banjur tutul

Enggo bareng.

2

Tutul aplikasi sing arep digunakake kanggo enggo bareng video sing kapilih,

banjur tindakake langkah sing cocog kanggo ngirim.